DAFTAR ISI
Halaman
HALAMAN JUDUL.................................................................................... 1
DAFTAR ISI................................................................................................. 2
DAFTAR GAMBAR..................................................................................... 3
PURWAKA.................................................................................................. 4
BAB I PUSPA IPTEK.................................................................................. 5
BAB II MUSEUM GEOLOGI.................................................................... 9
BAB III BOSSCHA..................................................................................... 14
BAB IV TANGKUBAN PERAHU............................................................. 17
BAB V SARI ATER..................................................................................... 18
KASIMPULAN............................................................................................ 21
DAFTAR GAMBAR
Gambar : Halaman
1. BOSSCHA.............................................................................................. 19
2. TANGKUBAN PERAHU...................................................................... 20
3. SARI ATER............................................................................................ 20
PURWAKA
Puji Syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun kersa paring berkah saha pitedah saengga kula saged ngrangkit laporan “Outdoor Activity”. Boten kesupen kula aturaken nuwun sanget kangge bapak saha ibu guru SMP Negeri 1 Purwokerto ingkang sampun maringi kula katrangan ing kagiatan “Outdoor Activity”. Laporan “Outdoor Activity” ingkang kula rangkit punika isinipun katrangan ingkang diparingaken saka petugas-petugas ing objek-objek Outdoor Activity. Gambar-gambar ingkang kula pundhut saka objek-objek Outdoor Activity uga kula cantumaken. Boten kesupen, wangsulan saka pitakonan ingkang bapak saha ibu aturaken ugi kula cantumken. Wasana minangka panutuping atur mugi-mugi laporan “Outdoor Activity” saged bermanfaat kangge pimaos sedanten. Amin.
Purwokerto, 27 Juni 2009
Pangrangkit
BAB I
PUSPA IPTEK
(Pusat Peragaan Ilmu Pengetahuan dan Teknologi)
A. Sejarah lan Tujuanipun Puspa Iptek
Jaman saiki lare-lare padha khesed lan bosen sinau rumus-rumus Fisika lan Matematika ingkang jlimet . Semangat sinaunipun lare-lare saged ical menawi midhanget gladhen Fisika lan Matematika. Kadhos kepriatinan ingkang semanten punika pepanggonan Kota Baru Parahyangan (KBP) kagungan inisiatif kangge ndirikake gedung ingkang saged ngaturi lare-lare supadhos sregep sinau elmu-elmu eksakta.
Ing tanggal 31 Maret 2001 dipunbangun gedung Pusat Peragaan Ilmu Pengetahuan dan Teknologi ingkang kasebut Puspa Iptek. Dudukan sela mbarep ditindakake dening Menristek As.Hikam, menawi peresmianipun ditindakake dening Mendiknas Prof. Malik Fajar lan Menristek Ir. Hatta Rajasa. Saiki Puspa Iptek wonten ing Margi Raya Padalarang No. 427 Bandung.
Ing Puspa Iptek, wonten praga-praga atraktif kange elmu-elmu alam. Miturut Koordinator Puspa Iptek Joko Santoso, ing gedung punika wonten 65 alat praga kangge elmu fisika lan kimia, napa punika optik napa punika mekanik. Kangge alat sedinten-sedinten ingkang piyambak gunakake ,wonten 55 alat praga.
Tujuanipun Puspa Iptek yaiku kangge ngembangaken Elmu Pengetahuan lan Teknologi ing Indonesia. Tujuanipun didirikake Puspa Iptek uga kangge memasyarakatake Elmu Pengetahuan lan Teknologi wonten masyarakat umum lan kalangan pelajar. Mboten kesupen, Puspa Iptek uga kedah saged dadhos lend mark ing Kota Baru Parahyangan.
B. Alat-alat Praga ing Puspa Iptek
NOMER | ASMA | GAMBAR |
1. | Parabola | |
2. | Kaleidoskop | |
3. | Ayunan Bandul | |
4. | Pompa Air Archimedes | |
5. | Bayangan Setengah Bola | |
6. | Model Tsunami | |
7. | Bongosong | |
8. | Bola Berpacu | |
9. | Merangkai Tali | |
10. | Kursi Paku | |
11. | Kepala Terpenggal | |
12. | Bola Melayang | |
13. | Bola Plasma | |
14. | Mesin Abadi | |
15. | Torso | |
17. | Viskositas | |
18. | Kutu-kutu Listrik | |
19. | Uji Konsentrasi | |
20. | Cermin Tak Terhingga | |
C. Pendapat Kula Ing Puspa Iptek
Kula ngraos bangga amargi Bangsa Indonesia kagungan papan ing setunggal provinsinipun ingkang sanget memperhatikake perkembangan Iptek ing Indonesia. Kula uga remen tujuan mulia saka Puspa Iptek ingkang ngendikake badhe memasyarakatkake Iptek marang masyarakat umum lan pelajar.
Kula uga remen sanget saged sinau ing Puspa Iptek. Ing papan punika, kula saged sinau macem-macem. Kula uga saged mbuktikake kaleresan saka ukum-ukum ing mata pelajaran Fisika ingkang kula sinauni. Kula dadhos ngertos kepripun caranipun kerja saka alat sedinten-dinten ingkang kula agem saka sisi ilmiah. Puspa Iptek uga memotivasi kula dadhos kersa ndamel alat teknologi-teknologi sederhana ngangge asta kula dhewe.
BAB II
MUSEUM GEOLOGI
A. Sejarah lan Tujuanipun Museum Geologi
Museum Geologi didirikake ing tanggal 16 Mei 1928. Museum iki sampun direnovasi dening arta bantuan saka organisasi JICA (Japan International Cooperation Agency). Sesampunipun direnovasi, Museum Geologi dimbikak malih lan diresmikake dening Wakil Presiden RI, Megawati Soekarnoputri ing tanggal 23 Agustus 2000.
Museum wonten ing perlindungan pemerintah lan dados peninggalan nasional. Ing Museum iki, wonten materi-materi geologi ingkang gemah ripah, Tuladhane kaya fosil, sela , lan mineral. Sedanten punika dikumpulkake wonten taun 1850.
Ing Museum Geologi Bandung, piyambak saged nemukake koleksi barang-barang geologi. Kinten-kinten wonten 60.000 koleksi fosil, lan 250.000 koleksi sela mineral. Kangge nambah daya tarikipun, museum uga majang tuladhane krangka T-Rex (Tyranosaurus Rex) ingkang didamelake ing Kanada taun 1998. Saiki, Museum Geologi Bandung wonten ing Margi Diponegoro 57 Bandung.
Perkembangan teknologi saged damel museum kagungan pergeseran pigunaan dados:
Panggonanipun pendidikan sekolah kangge elmu bantala lan kriya pelestarianipun.
Panggonanipun tiang nglakokake kajian mbarep sadherenge penelitian lapangan. Museum Geologi dados pusat informasi elmu kebantalaan ingkang nggambarake keadaan geologi bantala Indonesia miturut bentuk kumpulan praga.
Dados objek geowisata ingkang menarik.
Dene penataan ingkang anyar iki pragaan Museum Geologi dipunbagi dadhos 3 ruangan ingkang ngliputi Sejarah Kahuripan, Geologi Indonesia, saha Geologi lan Kahuripan. Tujuanipun didirikake Museum Geologi yaiku kangge majukake bab dokumentasi, bab pariwisata, bab pendidikan lan bab penelitian ing Indonesia.
B. Barang-barang ing Museum Geologi Bandung
NOMER | ASMA | GAMBAR |
1. | Maket Diagram Alir | |
2. | Modhel Gerakan Lempeng Kerak Bantala | |
3. | Tabel DadosipunTembaga | |
5. | Bagan Gunung Api | |
6. | Tuladhanipun Fosil Kewan ing Segara | |
7. | Tuladhanipun Fosil Kewan ing Segara | |
8. | Tuladhanipun Sela Mineral | |
9. | Sinter Kapur | |
10. | Stalakmit | |
11. | Stalaktit | |
12. | Sela ingkang Paling Tuwa ing Irian | |
13. | Barang Kangge Midulang Mas | |
14. | Kristal Ametis | |
15. | Kristal Kuarsa | |
16. | Fosil Mamoth | |
17. | Fosil Dinosaurus | |
18. | Alat Geologi | |
19. | Arca Pengesahanipun Museum | |
C. Pendapat Kula Ing Museum Geologi
Kula remen sanget amargi Bangsa Indonesia kagungan papan-papan ingkang berguna kangge perkembangan pengetahuan kaya Museum Geologi iki. Papan punika uga bermanfaat kangge masyarakat umum ingkang pengin ngembangake pengetahuanipun.
Kula uga remen sanget saged sinau ing Museum Geologi iki. Kula saged sinau barang-barang bersejarah. Wonten fosil, macem-macem sela, alat-alat geologi, bagan-bagan, lsp. Kula dadhos ngertos menawi Bangsa Indonesia punika negeri ingkang gemah ripah saka sejarah lan kabudayaan.
Miturut pendapat kula, dadhos hal ingkang becik menawi Museum Geologi punika didadhosake sarana pandidikan. Lare-lare saged mriksani bukti langsung saka teori-teori ing mata pelajaran ingkang lare-lare sinauni ing sekolah tarutama mata pelajaran Sejarah.
Didhadosake Museum Geologi dadhos sarana pandidikan, mboten heran wonten resiko-resiko ingkang kedah diadepi. Tuladhanipun wonten barang-barang bersejarah ingkang ical, fasilitas ingkang risak, lan liane ingkang saged nimbulake dampak ingkang negativ. Kadhos niku keamanan ing museum punika kedah ditingkatake.
BAB III
OBSERVATORIUM BOSSCHA
(Penelitian Benda Langit)
A. Sejarahipun Bosscha
Ing taun 1920, diwontenake Pertemuan Perhimpunan Elmu Lintang Hindia Belanda (Nederlandsch-Indische Sterrenwacht) ing lobi hotel Savoy Homan, Bandung. Ing pertemuan punika, diputusake rencana pembangunan observatorium lintang ingkang kiyat ing Hindia Belanda. Pepadhos panggonanipun dilakokake. Dene pilihanipun dhawah saka pegunungan Anak Tangkuban Parahu. Kinten-kinten 15 km dhateng arah lor saka pusatipun kuta Bandung.
Panggonan kasebut dipilih amargi tebih saka keramean. Keramen ingkang disebabake dening cahya lampu bangunan, lampu mobil lan lampu margenan saged miganggu pengamatan. Panggonan iki uga kagungan kanginggilan ingkang ideal, yaiku 1300 m saka inggilinipun segara. Saka panggonan kasebut pemandangan arah wetan, kulon, lor lan kidul wiyar saengga pengamatan saged dilakokake leluasa.
Ing tanggal 7 Juni 1928, gedhong kubbah ingkang dipunrancang dening arsitek KCPW.Schoemaker punika resmi jumeneng. Gedhong punika kasebut Observatorium Bosscha. Asma Bosscha dipungunakake kangge ngurmati asma kang penggagas ingkang uga nandhang arta pembangunanipun, yaiku Karel Albert Rudolf Bosscha. Bosscha yaiku juragan kebon teh ing Malabar ingkang peduli elmu pengetahuan.
B. Teropong Bosscha
Teropong-teropong Bosscha dipunrawuhake saka Jerman. Teropong Bosscha ingkang paling ageng yaiku teropong Zeiss. Teropong iki dadhos teropong paling ageng nomer 3 ing benua Eropa. Ing pendamelipun, teropong iki nglibatake Pemerintah Hindia Belanda.
Bab paling penting saka teropong iki punika bab optik. Bab optik punika sensitiv, mboten pareng kagores utawa kagoncang. Teropong Zeiss kagungan dhawa 11 m, diameter 1,3 m, lan awrat 17 ton. Dene dibandingake saka teropong jaman saiki, teropong punika isih kagolong teropong ingkang alit.
Ing bab inggil teropong iki wonten kubbah ingkang kagungan pagunaan kangge mecahake arah angin. Kubbah punika kadamel saka baja saawrat 54 ton. Ing Inggilipun kubbah wonten rel ingkang digunakake kangge mbukak lan nutup kubbah. Kangge ngobahake rel, diperlukake listrik ngantos 10.000 watt.
Setunggal kauntungan migunakake teropong iki yaiku amargi kagungan kaahllian kangge mirsani benda-benda akasa, teropong iki uga saged ngrekam benda-benda langit punika. Kadhos niku teropong iki kagungan tabung kalih. Tabung ingkang mbarep kangge mirsani benda-benda akasa, Menawi tabung ingkang kapindho kangge ngrekam benda-benda akasa punika. Boten kesupen, teropong Zeiss uga kagungan sajenis motor utawa dinamo ingkang saged midherek gerakanipun benda-benda akasa.
Kangge kelancaran kriyanipun terpong, mester panggonipun teropong saged diinggilake napa dimandhapake. Kangge nginggilake utawa mandhapake mester, dibutuhake listrik saageng 5000 watt. Sekawan teropong Bosscha ingkang luwih alit yaiku teropong Bamberg, teropong Schmidt-Bimasakti, teropong Goto, lan teropong Unitron.
C. Elmu Ingkang Saged Dikembangake
1. Menawi ditinjau saka segi agama ingkang kula pitados, wonten elmu-elmu ingkang saged dikembangake saka Observatorium Bosscha. Elmu-elmu kasebut saged diwujudake dadhos bentuk:
a. Kesadaranipun Salira.
Sadar menawi Gusti Ingkang Maha Agung. Kebukten saka kaagunganipun karyanipun Gusti, kaya bantala, surya, lintang, lan galaksi.
Sadar menawi Gusti Ageng Katresnanipun. Kebukten Gusiti sampun maringi sumber daya alam saka bantala kangge dimanfaatake manungsa.
b. Remen padhos bantala.
Kersa ngremenipun bantala amargi kanyataanipun bantala punika titipan saka Gusti ingkang sampun diparingake saka keadaan becik lan kedah diwangsulake saka keadaanipun ingkang uga becik.
c. Nglestarikake bantala.
Kersa nglestarikake bantala amargi punika dadhos tugas ingkang sampun Gusti paringake ing kitab Kejadian 1 ayat 28.
Kersa nglestarikake bantala amargi bantala punika setungal-setunggalipun planet ingkang saged minunjang wontenipun kahuripan.
2. Menawi ditinjau saka segi elmu pengetahuan alam, elmu ingkang saged dikembangake saka Observatorium Bosscha yaiku elmu astronomi.
D. Manfaat Tindak Dhateng Observatorium Bosscha
h Nambah pengetahuan
h Ningkatake Elmu
h Ngembangake Elmu Agama lan Astronomi.
BAB IV
TANGKUBAN PERAHU
A. Paristiwa Tangkuban Perahu Miturut Metode Ilmiah
Gunung Tangkuban Perahu punika gunung aktif ing kinten-kinten 30 kilometer ing lor pun kuta Bandung. Tangkuban Perahu kagungan kainggilan kinten-kinten 2.084 meter ing inggilipun permukaan segara. Nggon punika sampun sanget terkenal dadhos obyek wisata ingkang kagungan legenda ingkang uga populer.
Gunung Tangkuban Perahu pernah meletus. Letusanipun kedaden ing taun 1829, 1846, 1910, lan 1926, saengga puncakipun saka gunung punika ical utawa ancur amargi letusan kasebut. Saiki ingkang kasisa saka Tangkuban Perahu yaiku tengahipun saka puncakipun gunung. Kadhos niku, wonten kawah ingkang rata-rata aktif miyosaken belerang.
Obyek wisata lan daya tarik ing gunung Tangkuban Parahu punika kawah. Kawah-kawah punika yaiku Kawah Ratu, Kawah Upas, Kawah Omas lan Kawah Jurig. Kawah ingkang sering dipunrawuhi wisatawan punika Kawah Ratu, Kawah Domas lan Kawah Upas. Kawah Ratu wonten ing kainggilan 1830 m saka laut. Kawah punika dadhos pusatipun saka sedanten kagiyatan wisata ing Tangkuban Parahu.
B. Perkembanganipun Kewan lan Wit-witan ing Tangkuban Perahu
Tangkuban Parahu uga kagungan potensi wisata kawujud keanekaragaman flora lan fauna. Tuladhanipun wit-witan kaya Puspa, Pasang, Kihiur, Jamuju, Rengas, Saninten lsp. Menawi tuladhanipun kewan-kewan kaya macan , lan lutung.
BAB V
SARI ATER
A. Wisata Sari Ater
Ing sadheret margi tumuju Sari Ater wonten papan-papan pedagang ingkang sadean pernak-pernik. Wonten ingkang sade dhaharan, ageman, lan wit-witan. Kaos khas kuta Bandung paling ditresnani dening pengunjung.
Ing Sari Ater, wonten sumberipun toya benter ingkang mikandung belerang. Sumber toya benter kasebut dipitados saged ngicalake sedanten keliripun penyakit kulit. Siram utawa kungkum ing sumber toya benter iku uga saged nglotokake kulit lyon saengga kulitipun dadhos luwih pethak.
Piyambak uga saged ngraosake kaindahan sakeliling Sari Ater langkung nitih jaran utawa titihan. Ngangge Rp 20.000, sedanten sampun saged muter-muter lan foto-foto saka titihan ingkang sedanten nitih. Sedanten uga saged nguji kawantunan utawa adrenalin langkung flying fox. Ngangge Rp 15.000, sedanten saged gandhulan ing inggilipun sautas tali nglangkungi bukit Sari Ater.
B. Perkembanganipun Kewan lan Wit-witan ing Sari Ater
Perkembanganipun kewan lan wit-witan ing Sari Ater kasinggihanipun dhereng micakup komunitas ingkang ageng. Flora ing Sari Ater, kaya wit hias. Tuladhanipun Suket Gajah, Kembang Kamboja, Kembang Mawar, lan Suket Jepang. Faunanipun ing Sari Ater uga mboten beragam.
DAFTAR GAMBAR
A. Observatorium Bosscha
Asma | Gambar | Asma | Gambar |
Alam Bosscha | Gedung Bosscha | ||
Teropong Zeiss | KAR Bosscha | ||
Tugu Bosscha | Teropong Zeiss lan Tiang | | |
Planet | Surya | ||
Galaksi Bima Sakti | Lintang-lintang ing Galaksi |
B.Sari Ater lan Tangkuban Perahu
Asma | Gambar | Asma | Gambar |
Toya Panas ing Sari Ater | Peta Tangkuban Perahu | ||
Toya Panas ing Sari Ater | Tangkuban Perahu | ||
Toya Panas ing Sari Ater | Tangkuban Perahu | ||
Titihan Sari Ater | Tangkuban Perahu |
KASIMPULAN
Bangsa Indonesia punika bangsa ingkang gemah ripah loh jinawi. Bangsa Indonesia kagungan kaindahan alam ingkang sanget beragam ing panggonan-panggonanipun. Dadhos tuladha Tangkuban perahu. Tangkuban Perahu punika setunggal saka sedanten kajaiban alam ing Indonesia. Mboten kesupen, Bangsa Indonesia uga kagungan papan-papan pengembangan elmu pengetahuan lan teknologi ingkang akeh keliripun. Kaya Puspa Iptek Bandung, ing Puspa Iptek wonten alat-alat praga ingkang digunakake kangge pengembangan elmu pengetahuan lan teknologi. Kasinggihanipun, Iptek uga kedah dikenalake saka lare-lare. Dadhos kaputusan ingkang becik menawi papan-papan kaya Puspa Iptek, Observatorium Bosscha, utawa Museum Geologi didadhosake sarana pandidikan. Lare-lare saged mempraktikake elmu-elmu ingkang lare-lare sinauni ing sekolah. Mboten kesupen, lare-lare saged berinteraksi langsung ngangge tuladha ingkang konkret.
Purwokerto, 13 Juli 2009
Pangrangkit